Welcome to Dotnet Semarang Sign in | Join | Help

Balek Maning neng Java

Wis genep sak pendak dino aku ngasto winten Jakarta. Rodo bingung sih... Wayah neng Semarang saben dino ngomong karo rencang-rencange nganggo Boso Jowo. Basan pindah menyang Jakarta, kabeh podho ngomong loe-gue... Aku ora biso kon ngomong loe-gue, lha wong biyasane ngomong sampean-aku/kulo saiki kon melu-melu loe-gue. Tinimbang kaku mendingan nganggo kamu-aku wae, luweh gambang diucapke.

Alhamdulillah, dino iki salah siji karyawan neng kene ono sing Wong Jowo, gelem ngomong Boso Jowo. Ya... etung-etung ijeh biso ngomong Boso Jowo neng Jakarta. Biasane wong Jowo sing wis boro menyang Jakarta podo lali karo basane dewe. Balek-balek neng ndeso loe-gue-ne ijeh digowo-gowo. Embuh ngaya yen wis dadi wong Jakarte opo pancen bener-bener lali karo boso emake dewe.

Mbuh kerjo neng Jakarta, pengene tetep Boso Jowo. Sampe anak putuku meh tak ajari Boso Jowo kromo sing bener, ojo melu-melu kanca-kancane sing urip neng Jowo tapi ora biso Boso Jowo.

Ono cerito meneh pas jamane aku kuliah neng Undip. Kenalan karo cah wedok, cah Tembalang asli, tak takoni nganggo Boso Jowo Inggil ora mudeng. Ki bocah pancen ora biso Boso Jowo opo mung ethok-ethok ora biso. Aku mikir, yen ora soko awake dewe sing njogo Boso Emake, sopo meneh. Suwe-suwe Boso Jowo biso ilang.

Ayo podo dijogo Budoyo Jawi meniko supados mboten ilang kanton cerito.

Published Tuesday, April 03, 2007 12:07 PM by cahnom
Filed under:

Comments

No Comments
Anonymous comments are disabled